Pitutur kangge poro sedulurku kabeh
Pitutur saking simbah kagem para wayah : "Ngger, yen siro duwe gegayuhan apa wae, sira kudu duwe TEKAD, kanti TEKUN aja lali nggawa TEKEN, aja isin TAKON, mengko pungkasane siro bakal TEKAN....
TEKAD iku karep lan semangat kanggo nggayuh kekarepan.
TEKUN iku ora gampang kendo lan nglokro, ora mangro tingal.
TEKEN, iku sarono kanggo nopang jejeging lakumu. Ing kene sing dimaksud sumendea lan nyenyuwuna pitulungane Gusti Allah kang murba wisesa jiwa ragamu kang bakal paring pitulungan lan njangkung lakunira, ngadohke saka goda rencana..
TAKON yen sira gamang utawa ragu-ragu aja isin takono marang para winasis lan nyuwuna pepadang marang Gusti Allah sing ngreksa uripira, mengko bakal pinaringan pituduh.
TEKAN iku maksude sira wis lulus, katekan apa kang dadi gegayuhan utawa cita-citamu.
Mengkono ngger ular-ular saka simbah, gatekna lan lakonono.
Mugi-2 migunani kagem putra wayah. Nwn
.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar